Selamat Datang di Kabupaten Grobogan, Kami Menantikan Partisipasi Saudara Guna Mengembangkan Potensi Yang Ada)......

Rabu, 26 Mei 2010

PERNAHE SEDULUR


Sadulur : sadulur tunggal bapak ibu
Misanan : sadulur tunggal mbah, nak dulur
Keponakan : anake sadulur enom utawa sadulur tuwa
Mindhoan : sadulur tunggal buyut
Paman/pak lik : adhine bapak utawa ibu (lanang)
Bibi/bu lik : adhine bapak utawa ibu (wadon)

Pak dhe/pakpuh/uwa : mase bapak utawa ibu (lanang)
Bu dhe/bupuh/uwa : mbakyune bapak utawa ibu (wadon)
Ipe : dulure bojo
Pripean : ipene sedulur
Maratuwa : wong tuwane bojo
Anak mantu : bojone anak
Besan : wong tuwane mantu
Putu mantu : bojone putu
Bapak kuwalon : bapak sambungan
Ibu kuwalon : ibu sambungan
Anak kuwalon : anak gawane bojo
Sadulur kuwalon : sadulur seje bapak tunggal ibu utawi sadulur seje ibu tunggal bapak
Sadulur asu : sadulur tunggal ibu seje bapak
Anak angkat : bocah liya kang diakoni anak
Bapak/ibu angkat : wong liya (lanang utawa wadon) sing ngakoni anak
Tunggal welat : sadulur tunggal bapak/ibu
(Ronggo Warsito)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berita Populer Minggu Ini